News Update :

Tembang Kinanthi - Gending Jawa

Kamis, 09 Februari 2012 10.31

Tembang Kinanthi - Gending Jawa

Tembang Kinanthi - Gending Jawa
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mugn awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryanbing dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip


Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak-pandukung pambudi
Mbengkas kardaning driya
Supadya dadya utami


Pangasahe sepi samun
Away esah ing salami
Samangsa wis kawistara
Lalandhepe mingis-mingis
Pasah wukir Reksamuka
Kekes srabedaning budi


Dene awas tegesipun
Weruh waranane urip
Miwah wisesaning tunggal
Kang atunggil rina wengi
Kang mukitan ing sakarsa
Gumelar ngalam sakalir


Aywa sembrana ing kalbu
Wawasen wuwusireki
Ing kono yekti karasa
Dudu ucape pribadi
Marma den sambadeng sedya
Wewesan praptaning uwis


Simakna semanging kalbu
Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasidan
Sinuda saka sathithik
Pamothaning napsu-hawa
Linalatiha mamrih titih


Aywa mamatuh nalutuh
Tanpa tuwas tanpa kasil
Kasalibuk ing sabeda
Marma dipun ngati-ati
Urip keh rencananira
Sambekala lan kaliling


Upamane wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamung kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kasandhung padhas
Babak-bundhas anemahi


Lumrah bae yen kadyeku
Atatamba yen wis bucik
Duwea kawruh sabodhang
Yen tan nartani ing kapti
Dadi kawruhe kinarya
Ngupaha kasil lan melik


Meloke yen arsa muluk
Muluk ujare lir wali
Wola-wali nora nyata
Anggepe pandhita luwih
Kaluwihane tan ana
Kabeh tandha-tandha sepi


Kawruhe mung ana wuwus
Wuwuse gumaib-baib
Kasliring thithik tan kena
Mancereng alise gathik
Apa pandhita antiga
Kang mangkono iku kaki


Mangka ta kang aran laku
Lakune ngelmu sejati
Tan dahwen pati openan
Tan panasten nora jail
Tan njuringi ing kaardan
Amung eneng mamrih ening


Kaunang ing budi luhur
Bangkit ajur ajer kaki
Yen mangkono bakal cikal
Thukul wijining utami
Nadyang bener kawruhira
Yen ana kang nyulayani


Tur kang nyulayani iku
Wus wruh yen kawruhe nempil
Nanging laire angalah
Katingala angemori
Mung ngenaki tyasing liyan
Aywa esak, aywa serik.


Yen ilapating wahyu
Yen yuwana ing salami
Marga wimbubing nugraha
Saking Heb Kang Mahasuci
Cinancang pucuking cipta
Nora ucul-ucul kaki


Mangkono ingkang tinamtu
Tanpa nugrahaning Widhi
Marma ta kulup den bisa
Mbusuki ujaring janma
Pakoleh lair batine
Iyeku budi premati


Pantes tinulad tinurut
Laladane mrih utami
Utama kembanging mulya
Kamulyaning jiwa dhiri
Ora kena yen ta ngeplekana
Lir leluhur nguni-uni


Ananing ta kudu-kudu
Sakadarira pribadi
Aywa tinggal tutuladhan
Lamun tan mangkono kaki
Yekti tuna ing tumitah
Poma kestokena kaki.

Diambil dari Serat Wedhatama

.
Dangdut Koplo Terbaru Tembang Kinanthi - Gending Jawa Blog yang berisi Campursari Mp3 Terbaru, Dangdut Koplo Mp3, Lagu Dangdut Koplo. Musik Asli Indonesia, penyedia Lirik dan Mp3 download lagu dangdut koplo, campursari koplo, download gratis lagu koplo, download dangdut koplo, musik dangdut koplo, download gratis dangdut koplo, mp3 dangdut, mp3 dangdut koplo, mp3 dangdut, mp3 campursari, mp3 campursari koplo. Tembang Kinanthi - Gending Jawa

Campursari musik asli Indonesia dengan basic langgam Jawa (Jawa hanya ada di Indonesia). Walau pada masa sekarang Campursari tidak lagi harus campuran keroncong dan gending Jawa. Dangdut Koplo ikut dan dapat dimasukkan ke dalam iramanya. Apakah dangdut koplo palapa, dangdut koplo sera, lagu dangdut koplo, download lagu mp3 dangdut, dangdut koplo download, lagu dangdut blog, campursari koplo palapa, campursari jawa, campursari sangga buana, campursari mp3 download, campursari manthous, campursari gunung kidul, campursari didi kempot, campursari mp3 dapat mengadaptasinya dengan baik. Download Lagu Campursari Terbaru - Top Mp3 Campursari Baru Gratis.
Free Download Mp3 Dangdut Koplo Tembang Kinanthi - Gending Jawa Disini kami berikan beberapa link dan Lirik download lagu campursari gratis untuk anda :

0 komentar:

Posting Komentar

 

© Copyright Download Campursari Dangdut Koplo Mp3 Terbaru 2010 -2011 | Design by PaPi | Published by Borneo Templates | Powered by Blogger.com.